download
Pring reketeg gunung gamping ambrol, ati kudu teteg ja nganti urip ketakol.
Pring deling, tegese kendel lan eling. Kendel marga eling timbang nggrundel nganti suwing.
Pring kuwi suket, dhuwur tur jejeg, rejeki seret, ra sah dha buneg.
Pring apus, urip iku lampus. Dadi wong urip aja seneng apus-apus.
Pring wuluh, urip iku tuwuh. Aja mung embuh ethok-ethok ora weruh.
Pring kuning, urip iku eling. Wajib padha eling, eling marang Sing Peparing.
Nek ngono pancen penting, kabeh sing nang nggon wit pring. Pancen penting tumraping manungsa sing dha eling. Eling awake, eling pepadhane, eling patine, lan eling Gustine.
Wong urip kudu eling, iso urip seka pring. Tekan titi wancine ya digotong nganggo pring. Bali nang ngisor lemah, padha ngisor oyot pring. Mulane padha eling, elinga Sing Peparing.
Ora bakal bubrah marga iso melur. Kena dinggo mikul, ning aja ketungkul. Urip kuwi abot, ja digawe abot. Akeh repot, sak trek ora amot. Mulane uripmu aja dha kaku, melura pasraha, ra sah dha nesu, aja mangu-mangu ning terus mlaku, sanajan ro ngguyu aja lali wektu. Kowe bakal bisa urip rekasa, ning kudu percaya uga sregep ndonga. Gusti paringana, luwih pangapura, marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa. Aja nggresula, aja wedi. Dudu kowe ning Gusti sing mesti luwih ngerti ngatur urip lan mati, nyukupi rejeki, paring tentreming ati, cukup sandang pangan papan, bakal mukti pakarti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar